Senin, 24 Juni 2013

Tembang Mecapat


 


Tembang mecapat iku mujudake tembang jawa kang uga sinebut Tembang alit. Tembang mecapat iku kaiket dening guru lagu lan guru wilangan utawa dhong-dhing, lan uga ngemu watak dhewek-dhewek.
1.Guru lagu yaiku, tibaning swara ing pungkasaning gatra.
2.Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben segatra.
3. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sepada.
Dadi yen nulis tembang mecapat iku kudu nggatekake guru lagu, guru wilangan guru gatra lan uga watake tembung.
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu ing tembang mecapat.
1.Pocung, 4 gatra : 12u,6a, 8i, 12a
2.Gambuh, 5 gatra. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3.Durma, 7 gatra : 12a, 7i,6a,7a,8a,5a,7i.
4. pangkur, 7 gatra : 8a, 11i, 8u,7a, 12u, 8a, 8i.
5. Mijil, 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i,6i,6u.
6. Sinom,9 gatra : 8a, 8i, 8a,8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a
7. kinanthi, 6 gatra : 8u, 8i, 8a,8i,8a,8i.
8. Asmaradana,7 gatra : 8i,8a,8e/o, 8a,8a,8u,8a.
9. Dhandanggula, 10 gatra : 10i,10a,8e,7u,9i,7a, 6u, 8a,12i,7a.
10. Megatruh,5 gatra :12u, 8i,8u,8i,8o
11. Maskumambang 4 gatra : 12i, 6a, 8i, 8a.
Watak sajroning tembang mecapat:
1.       Pocung=greget, rada kendho, cocok kanggo cerita kang laras.
2.       Gambuh = sumanak, sumadulur, cocok kanggo menehi pituduh, pangerten lan sepanuggal aning ngandhut rasa seneng.
3.       Durma = sereng, nesu, cocok kanggo nyeritakake rasa sereng, gregetan, utawa cerita perang.
4.       Pangkur = sereng, nesu,  cocok kanggo ngandharake pituduh kanthi rada nesu, kanggo wiwitan perang.
5.       Mijil= prihatin, cocok kanggo cerita sedih, utawa cerita babangan asmara.
6.       Kinamthi= rasa seneng, tresna cocok kanggo  piwulang sawijining ilmu kang angandhut asmara
7.       Sinom= canthas, trengginas, cocok kanggo nganda=harake petuah.
8.       Maskumambang = nlangsa, ngeres-eresi,cocok kanggo crita ngreyuhake.
9.       Dhandhanggula = ngresepake, kepranan , luwes,  cocok kanggo ngambarake apa wae.
10.   Asmaradana = sedhih, prihatin sajroning asmara, cocok kanggo crita kang ngemu rasa sedhih lan ngandut rasa asmara.
11.   Megatruh = trenyuh, mesakne, cocok kanggo crita kang ngandhut rasa sedhih, memelas.